sing tiba ing tanggal 1 Syawal jroning penanggalan Hijriyah. Amarga
cara netepaké tanggal 1 Syawal sing didhasaraké marang perédharan
rembulan kasebut, mula Idul Fitri utawa Dina Riyaya tiba ing tanggal
sing béda saben taun yèn dideleng saka kalèndher Masèhi. Cara
nemtokaké tanggal 1 Syawal uga béda-béda, saéngga bisa ana sebagéyan
umat Islam sing mahargya ing tanggal Masehi sing béda. Ing Indonésia,
pamaréntah minangka sing kawogan nemtokaké tanggal 1 Syawal saben
ngadhepi wektuné nganakaké pasamuan sing diarani sidang isbat, Sidang
mau dirawuhi déning para pejabat saka Kamentrian Agama, Majelis Ulama
Indonésia, wakil-wakil saka organisasi massa Islam, lan para wakil
negara sahabat.
Ing tanggal 1 Syawal, umat Islam kumpul wayah ésuk lan ngayahi Shalat
Ied bebarengan ing masjid-masjid, utawa ing lapangan yèn kahanan ora
udan. Béda karo ritual Shalat Iedul Adha sing kudu pasa dhisik nalika
budhal menyang papan panggonan shalat, jroning shalat Ied iki malah
disunnahaké sarapan dhisik sadurungé mangkat .
Sadurungé diwiwiti shalat Ied, biyasané imam ngélikaké tumrap sing
durung nglaksanakaké bayar zakat fitrah. Wates wektu bayar fitrah ya
iku sadurungé ngayahi shalat Ied, déné sing telat lan lagi bayar
sawisé shalat Ied bakal diitung minangka sedekah biyasa.
Maca sabanjuré ...
punika satunggaling komplèks pakantoran bisnis ing tengahipun kitha
New York. Komplèks punika dipunresmèkaken ing tanggal 4 April
1973. Nalika semanten Menara Kembar punika gedhong ingkang inggil
piyambak sajagad. WTC pungkasanipun ambruk ing tanggal 11 September
2001 sabibaripun dipuntabrak montor miber kalih.
Wikipedia punika satunggiling ènsiklopédhi bébas ingkang dipunopèni
déning Yayasan Wikimedia tanpa bathi ingkang nglampahaken kathah
proyèk wiki multibasa:
Tèks cumawis wonten ing saandhaping Lisensi Atribusi/Berbagi Serupa
Creative Commons; mbokmanawi ugi wonten wewaton tambahan. Pirsani
Katentuan Pangginaan supados langkung gamblang.
Saged mawi basa Jawi krama utawi saged ugi ing basa ngoko. Ananging
manawi saged, langkung saé nyerat mawi basa krama. Isi Wikipedia
wonten saandhaping Lisensi Dhokumèntasi Bébas GNU, tegesipun inggih
bébas kaliyan bakal bébas ngantos salaminipun. Ugi kapurih kersa
mriksani hak cipta kanggé katrangan langkung prakawis hak cipta,
sumber kabikak, saha isi bébas. Kanggé pacoban mangga nyobi nyunting
ing kothak wedhi
(katrangan ing basa Jawa ngoko)
